Menuju Kejayaan Indonesia

Selet-selete yen mbesuk ngancik tutuping tahun
Sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu
Bakal ana dewa ngejawantah apengawak manungsa
Apasurya padha bethara Kresna awatak Baladewa
Agegaman trisula wedha jinejer wolak-waliking zaman
Wong nyilih mbalekake wong utang mbayar
Utang nyawa bayar nyawa utang wirang nyaur wirang

Sadurunge ana tetenger lintang kemukus lawa
Ngalu-ngalu tumanja ana kidul wetan bener
lawase pitung bengi,parak esuk bener ilange
Bethara surya njumedhul bebarengan sing wis mungkur prihatine manungsa kelantur-lantur
Iku tandane putra Bethara Indra wus katon tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa

Dunungane ana sikil redi Lawu sisih wetan wetane bengawan banyu
Andhedukuh pindha Raden Gatotkacaarupa pagupon dara tundha tiga
Kaya manungsa angleledha

Leave reply

Back to Top